Minggu, 19 Januari 2020

Sinau saka Crita

Crita Cerkak

Cerkak iku cekakan saka crita cerkak. Diarani crita cerkak amarga critane pancen cekak. Ora mung merga wujud e kang cerkak (2-5) kaca, nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umum e wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks crita cerkak lan niteni perangane
Crita cerkak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka katakan utawa rekane Pangripta/pengarange wae. Perang anggep tangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane perkara (tema) yaiku underan perkara kang bisa dadi sumbere konflik, paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan) iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing ceria iku genep karo watake, lakune crita (alur/plot) iku gegayutan karo kepiye lakune crita, sudut pandang (Point of View) iku kalungguhane Pangripta ing sajroning crita, kapan lan papan kedadean crita (setting), lan wulangan saka crita kasebut (amanat).

B. Nemtokake tuntunan kang dikandut ing teks crita cerkak
Amanat iku mujudake gagasan Pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niat utawa pitutur becikbecik, upamane bab katresnan mlebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan, setya marang negara, pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.

C. Nulis sinopsis crita cerkak
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.



MATUR NUWUN

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA


Crita Rakyat

CRITA RAKYAT

Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah.
Crita rakyat nduwe unsur-unsur pembangun, kayata tema yaiku permasalahan ing sajroning crita. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suasana, kadadeyan ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Penokohan yaiku para ga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandang yaiku cara pandang penganggit tumrap ing crita kang dianggit awujud wong lapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diutarake dening penganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngelu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai budaya, nilai sosial, lan nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dasar kauripan manungsa.

Titikane crita rakyat :
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradisional
c. Sugih cantik lan variasi
d. Jenenge pangripta ora konangan
e. Wangune tiron ana ing susunan utawa cara pangungkapane

Mupangate crita rakyat :
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, uga menehi hiburan
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai kabeneran ing sajroning crita
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek
e. Mupangat religiusitas yaiku ngelu ajara agama kang bisa dadi tuladha kanggo para kang maca

Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom
• Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kadadeyan. Tuladhane Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale
• Legendha, yaiku crita kang biasane nyeritakake kedadeyane papan patilasan. Tuladhane Baru Klinthing, Rara Jonggrang, lan sapanunggale
• Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ira bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, lan sapanunggale.



MATUR NUWUN

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Teks Eksposisi

TEKS EKSPOSISI

Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngambarake pangerten sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud :
1. Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake kanthi cetha.
2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
3. Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan

Titikane teks eksposisi yaiku :
• Ngandharake panemu utawa gagasan
• Nuduhake kahanan sanyatane
• Nggunakake analisis lan sintesis
• Sumber ide bisa saka pengalaman, siap, utawa keyakinan

Strukture teks eksposisi yaiku 

  1. Tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani perkara kang arep diandharake
  2. Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis
  3. Panutup (penegasan ulang) kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi


Nulis teks eksposisi
Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku :
1. Nemtokake undheraning perkara utawa tema
2. Nemtokake ancas utawa tujuan
3. Ngumpulke dhata saka maneka sumber
4. Gawe cengkorongan
5. Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi





MATUR NUWUN

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Budaya Wewaler

WEWALER

Wewaler padha karo guyon tuhan. Gugon tuhan saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tugu (nyata, temen). Gugon tuhan yaiku ngandel prakara sing dianggep nduwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhan ing madyaning masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Guyon tuhan kalebu kaprecayaan tanah ndue rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani perkara sing dianggep iku.

Gugon Tuhon

  1.  Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
  2.  Gugon tuhan wanita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing ngemu teges ora becik.
  3. Guyon tuhan kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora nindhakake.


Pituduh
Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi 6 prakara yaiku :
1. Pituduh kang magepokan karo Gusti Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh kang magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kaluwarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler
Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo manungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan




MATUR NUWUN

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Serat Wedhatama


Hasil gambar untuk macapat sinom serat wedhatama


Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'Wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe tetes utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo m bangun budi pekertine sapa wae kang maca. Sera Wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.


A. Maca lan nanggepi teks serat Wedhatama Pupuh Sinom lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

Sinom
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsulan
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang Ratri
Amamangun karyenak tyasing sesama


  • Pupuh sinom ing serat wedhatama ngemit tembang cacahe 18 pada (bait).
  • Guru gatra ya iku wewaton cacahe larik saben sapada. Gatrane tembang Sinom ana 9.
  • Guru lagu yaiku tibaning swara saben sak pungkasane gatra. Guru lagune tembang sinom yaiku, a,i,a,i,i,u,a,i,a.
  • Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra (larik). Guru wilangane tembang Sinom yaiku 8,8,8,8,7,8,7,8,12


B. Nemokake tuntunan ing serat Wedhatama Pupuh Sinom 


Sinom
Contohlah perilaku utama
bagi kalangan orang Jawa
orang besar dari Ngeksiganda (Mataram)
panembahan Senopati, 
yang tekun
mengurangi hawa nafsu,
dengan jalan prihatin (bertapa) 
serta siang dan malam
selalu berkarya membuat hati tentram bagi sesama (kasih sayang)

Pada ing nduwur mung salah siji saka 18 pada ing Pupuh Sinom ing Serat Wedhatama lan bisa ditemokake tuntunaning urip, upamane :
• manungsa kudu bisa nuladhani kaya tumindake Panembahan Senopati, yaiku tekun.
• manungsa kudu bisa ngurangin hawa nafsu kanthi prihatin.
• manungsa kudu bisa gawe ati tentrem kanthi tansah budi daya tresna asih mring sasama.




MATUR NUWUN


Sumber : 
Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
https://www.synaoo.com/pupuh-sinom-paugeran-tembang-beserta/